Selasa, Juni 24, 2008

Wesiate Santri Luwung

  • Aja pisan-pisan turu yen durung bisa turu, mundak Ngimpi.
  • Aja pisan-pisan nyopir yen durung bisa nyopir, mundak Tabrakan.
  • Aja sugih turu banda males, nanging sugiya wirid/amal banda Disiplin.
  • Aja gela kang wus kelakon aja mamang kang bakal teko kareben ora dadi anak Bingung putu Susah.
  • Yen ing ngarsa Gusti nganggoa tatakrama Peqir-Miskin-Bodho-Asor, iku srana kanggo sira kareben ora dadi anak Balak putu Coba.
  • Yen ing ngarso kawula anganggoa tata-krama Budi-Luhur-Sabar-Narima, iku srana kanggo sira kareben dadi anak Slamet putu Beja.
  • Kanti Temen kuncine Ketemu, kanti Mlaku kuncine Tumeka,
    kanti Melek kuncine Weruh, kanti Betah kuncine Butuh.
  • Kabeh iku mau lakanana kanti Lila-Legawa ngreksa Bawana.
    Saking kula: Santri Luwung, Bodho Lelo-Lelo

Tidak ada komentar: